SUMPAH PALSU
Cipt : Nur bayan
Seh Tak Eling Sumpahku Neng Pak Penghulu
Naliko Resmi Ketali Tresnoku - tresnomu
Sanak Kadang Nyinekseni
Sumpah Urip Bebrayan Selawase
Bungah Susah Bareng Disonggo Wong Loro
Ngarungi Gedene Ombak Samudro Urip
Koyo Lintang Lan Rembulan
Seng Tansah Setyo Ngancani Selawase
Ora nyono Prahoro Medotne Roso
Mungkasi Tresno Seng Wes Kebak Certo
Sliramu Kepilut Bondo Ugo Donyo
Nganti Tego Nyidrani Sumpah Prasetyo
Reff :
Tak Eling - Eling Nganti Tumekane Pati
Loroku Kadong Njangget Jroning Ati
Liwat Tembang Iki Sliramu Tak Elingno
Bondo Donyo Dudu Ukurane Tresno
Po Pancen Palsu Sumpahmu
Naliko Neng Pak Penghulu
Nganti Tego Ninggal Tresno
Natoni Atiku.....................
ALI - ALI ( Tondo Tresno )
Cipt : Nur bayan
Ali - Ali seng tak gawe neng drijiku
Sakiki wes ora ono
Wes mok jaluk Kandamu wes ra guno
Mergo Kowe wes Ora tresno
Durung Mari Lelakon crito iki
Ali - Ali Neng Drijimu wes mok ganti
Emas Putih Watu Ungu
Wes Bedo Karo duwek ku
Lakon iki Tak tompo kanti ikhlas
Mugi Gusti Pareng Welas
Ojo nganti dadi gelomu
Seng wes ninggalake aku
Reff :
Aku Amung Biso Ndedongo
Nyenyuwun Mreng Kang Kuwoso
Mugo Uripmu Tansah Mulyo
Snadyan to Wes Gawe Loro
Ali - Ali Tondo Tresno
Sakiki Kari Cerito...............